Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan

PIDATO BAHASA JAWA

Pidato Bahasa Jawa Tentang PerpisahanMembuat pidato perpisahan menggunakan Bahasa Indonesia tentu merupakan hal yang mudah, akan tetapi berbeda apabila pidato tersebut menggunakan Bahasa Jawa, pasti tingkat kesulitannya lebih tinggi. Ada banyak macam pidato, yang paling banyak ditemui adalah pidato bahasa jawa tentang perpisahan.

Biasanya saat disuruh membuat pidato Bahasa Jawa dengan tema perpisahan Ketika ada ujian praktek Bahasa Jawa atau memang akan berpidato Bahasa Jawa. Pidato atau yang disebut sesorah dalam Bahasa Jawa  yaitu menjelaskan salah satu ide atau pendapat di depan orang banyak dengan cara lisan serta dengan jelas.

Pidato atau berpidato merupakan kegiatan berbicara di depan orang banyak untuk menyampaikan pendapat. Berikut ini beberapa contoh mengenai pidato  Bahasa Jawa tentang perpisahan sekolah.


Pidato Perpisahan Kelas 6

Pidato Perpisahan Kelas 6

Tentu sulit jika disuruh untuk menyampaikan dan membuat pidato perpisahan apalagi membuatnya dalam bahasa Jawa karena kelas 6 adalah usia yang masih tergolong anak-anak. Berikut ini merupakan contoh teks pidato perpisahan kelas 6:

Sugeng siyang!

Para pepunden bapak lan ibu guru ingkang kawula kurmati,

Ingkang kapisan, kula ngaturaken panuwun kanthi tulus kangge Bapak/Ibu guru ingkang sampun ndidik lan bimbing kula kaliyan kanca-kanca saengga kulo kaliyan kanca-kanca saget mrantasi proses pembelajaran ing sekolah menika kanthi kasil ingkang sae.

Mmboten wontwn ingkang saged kita parengaken kangge mbales imbalan Bapak/Ibu guru ing wekdal 6 tahun terakhir. Namung doa ingkang saged kita parengaken, mugi-mugi Gusti Allah tansah maringaken kabagaswarasa, kasarasan lan kabagyan kangge Bapak/Ibu guru manika.

Bapak/Ibu guru ingkan kula tresnani

Ingkang kapindo, kulo kaliyan kanca-kanca nuwun pangapunten ingkang gedhe amarga tumindak lan tangka laku kita sedaya mmboten mesemaken ing ngajeng Bapak/Ibu guru sedanten. Pramila, kulo nyana Bapak/Ibu guru saged jembar Samudra pangaksami kangge sedanten lupute kula lan para kanca menika.

Salajengipun, kula nyuwun doa restu bapak lan ibu guru, lan para tamu ingkang rawu ing papan menika ing acara perpisahan, mugi-mugi saged lanjutaken sekolah ing sekolah paling sae.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih cekap semanten atur kula. Saestu kula nyuwun pangapunten

Nuwun.

Baca Juga: Pidato Perpisahan Kelas 6


Pidato Perpisahan Kelas 9

Pidato Perpisahan Kelas 9

Berada di tahap akhir sekolah menengah atas biasanya ada acara perpisahan dengan bapak/ibu guru. Penggunaan Bahasa Jawa formal atau Krama inggil biasanya digunakan dalam acara resmi dan penyampaian pidato.

Salah satu acara resmi tersebut adalah perpisahan kelas 9. Perwakilan angkatan biasanya ditunjuk untuk berpidato. Tentunya, untuk sekolah di daerah Jawa menggunakan Pidato dengan bahasa Jawa. 

Selain itu, siswa biasanya disuruh untuk membuat pidato Bahasa Jawa tentang perpisahan untuk mengisi nilai ujian praktek. Berikut contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema perpisahan kelas 9 :

 

  Pidato Bahasa Jawa

Contoh 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjang sedoyo mawon

Kawula nuwun dhumateng ngarsanipun para bapak kepala sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati, uga para kanca ingkang kulo tresnani dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi saha kinabekten. Sumangga kulo dhereaken sami ngaturaken raos puja lan puji syukur, satemah kita sedaya saged kempal wonten papan menika kanthi mboten wonten alangan satunggal menapa.

Kulo ngaturaken sugeng rawuh kangge para rawuh  Bapak/Ibu guru lan kanca-kanca lan mboten kesupen kulo ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dene panjenenganipun para rawuh sampun kepareng nglonggaraken wekdal satemah saged angrawuhi adicara perpisahan ing enjang menika.

Kulo minangka wakil kelas 9 ugi ngaturaken pangapunten kang gedhe awit kulo lan kanca-kanca asrih ndamel ati Bapak/Ibu guru tansah kuciwa lan sedih. Mboten kraos wekdal 3 tahun krasa cepet mula ing mriki kathah pengalaman kang endah uga sedih.

Kulo wonten papan menika badhe ngaturaken pidato ing acara perpisahan niki.

Wonten kathah ingkang badhe kulo andharaken wonten mriki kangge ngungkapke rasa syukur kulo lan para kanca lan ngaturaken agunging panuwun. Kulo lan para kanca bagya lan bangga saged dados bagian saking sekolah ingkang kito tresnan. Kawula mmboten saged nemokaken kata-kata ingkang saged pas kangge ngungkapke rasa bagya menika.

Satunggal malih yaiku kulo makili kanca-kanca badhe ngaturaken panuwun kang gedhe kangge Bapak/Ibu guru sedoyo ingkang sampun bimbing kanthi sabar lan tanpa rasa pamrih.

Dhumateng Bapak/ibu Guru lan para kanca, kula ndedonga mugi-mugi tansah pinaringan karaharjeng, kasarasan, lan kabagyan.

Mbok bilih cekap semanten atur kula, bilih wonten atur lan solah bawa kula ingkang mboten mranani wonten penggalih Bapak/Ibu guru sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

 

Contoh 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para Bapak/Ibu guru ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundi saha kinabekten, punapa dene para kanca ingkang kulo tresnani lan adik-adik kelas 1 lan 2 uga kula sayangi.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hanganjukaken raos suka syukur dhumateng gusti kang Maha Agung, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kaliyan sedaya hangluberana dhumateng kawula.

Mboten keroso, sampun 3 tahun kula sekolah ing papan menika. Kathah pengalaman kang sampun kula lan para kanca alami ing mriki kang mmboten saged supe. Kathah ilmu kang saged dipethik saking pengalaman-pengalaman menika.

Kula minangka wakil kelas 12 badhe ngaturaken panuwun lan pangapunten kangge Bapak/Ibu guru ingkang sampun direpoti ing wekdal 3 tahun menika. Mugi-mugi ilmu kang diparingi saged kangge sangu ing masa depan.

Salajengipun, kulo ngaturaken pandonga kange Bapak/Ibu guru mugi-mugi tansah diparingi karaharjan kaliyan Gusti Allah kang mas agung.  Kula ugi ngaturaken pandonga kangge sekolah mugi-mugi tansah sae lan jaya.

Adik-adik kelas 1 lan 2, kula tansah ngaturaken panuwun amarga ssaged makempal ing acara perpisahan niki. Kula badhe maringi pesen kangge adik-adik, tansah sregep sinau lan ampun anggawe Bapak/Ibu guru kuciwa.

Sakderengipun pidato perpisahan niki kula pungkasani, amba kita sedaya donga sasarengan kangge miwiti acara perpisahan menika. Manungkupuja hastungkara kawiwitan (pandonga miturut kepercayaan masing-masing). Manungkupuja hastungkara paripurna.

Cekap semanten ingkang saged kula andharaken, bilih wonten atur lan solah bawa kula ingkang mboten mranani wonten penggalih Bapak/Ibu guru sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten

Wassalamualaikum warah matullahi wabarakatuh

  Pidato tentang Pergaulan Bebas

 

Contoh 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur marang Gusti Allah, saengga kita sedaya saged makempal ing papan punika kanthi sehat lan mboten wonten alangan menapa. monngo kito bukak acara niki maos bismillah sareng-sareng.

Ingkang sapisanan, kulo ngaturaken panuwun kangge Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi bimbingan lan mulang ing wekdal 3 tahun terakhir. Mugi-mugi Allah tansah maringi berkah kangge Bapak/Ibu guru sedanten. Ing papan mriki, kula badhe ngaturaken sesorah perpisahan kangge menuhi tugas ujian praktek Bahasa Jawa yaiku maca sesorah Bahasa Jawa.

Ing kesempatan menika, kula makili kanca kanca saking kelas 9, ugi nyuwun lumunturing Samudra pangaksami mbok bilih kula lan para kanca kathah kaluputan ingkang nganggu lan nyinggung raos Bapak/Ibu guru. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru saged ngapunteni kanthi ati kang jembar.

Kangge adik kelas 1 lan 2, tetep sregep anggene sinau kanti tekun, kita kelas 3 kapingin adik adik kelas saged dados pelajar ingkang rajin lan tansah ngurmati tiyang sepuh lan Bapak/Ibu guru.

Ingkang salajengipun, mugi-mugi SMPN 3 Jakarta tansah jaya lan berkah.

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, kulo makili sedanten kanca kelas 9, nyuwun pamit lan nyuwun doa restu mugi-mugi saged diterima ing sekola ingkang luwih duwur.

Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken.

Wassalamualaikum wr wb

Baca Juga: Pidato Perpisahan Tk Sd Smp Sma


Pidato Perpisahan Kelas 12

Pidato Perpisahan Kelas 12

Tinggal di daerah yang berbahasa jawa terutama sekolah, pasti hampir semua menggunakan Bahasa Jawa. Tidak bisa dipungkiri saat perpisahan membuat pidato Bahasa Jawa tentang perpisahan juga pasti akan lebih diunggulkan. 

Dalam acara perpisahan seperti wisuda, salah satu pelajar diwajibkan untuk menyampaikan Pidato. Berikut pidato yang menggunakan Bahasa Jawa tentang perpisahan di tahun terakhir sekolah: 

 

Contoh 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Panjenenganipun bapak kepala sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak/Ibu guru ingkang kulo kurmati, ugi para kanca siswa siswi SMKN 1 Temanggung ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin rumangsa kita tansah munjuaken puja lan puji syukur dumateng garsanipun gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng paring kamirahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kulo, saengga ing kalodhangan menika saged makempal wonten papan punika, kanthi wilujeng ing sambekala.

Kulo ngaturaken agunging panuwun dhumateng kanca kanca panitiya ingkang sampun mbudidaya saingga acara perpisahan kelas 3 saged kaleksanan lan ugi ngaturaken panuwun dhumateng bapak kepala sekolah saha Bapak/Ibu guru, ingkang sampun maringi bimbingan saengga acara punika saged kalaksanan.

Bapak/Ibu guru saha para kanca sedaya, kula minangka wakil kelas 3 ngaturaken dhumateng kanca sedaya kelas 3 ingkang sapisan “selamat” dhumateng kelas 3 ingkang sampun kalih lulus lan sedaya ingkang sampun berjuang katah damel awujudaken cita-cita. ingkang angka kalih kulo lan para kanca nyuwun pandonga saking sedanten kelas 1 lan 2 mugi mugi saged sangu nerasaken ing sekolahan ingkang langkung inggil.

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, miwah para kanca ingkang kirang trep, punapa dene pangrakiting basa ingkang mboten jangkep, mawantu wantu kula tansah nyuwun agunging Samudra pangaksami.

Mbok bilih naming mekaten ingkang saged kawula matur, bilih enten lupute saestu kula nyuwun samudera pangaksami. Wasana cekap semanten.

Wassalamualaikum wr.wb

  Pidato Tentang Kenakalan Remaja

 

Contoh 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng siyang

Para rawuh saha para lenggah bapak/ibu guru ingkang winantu sagunging pakurmatan. Kanca-kanca lan adik-adik ingkang kawula sayangi.

Syukur Alhamdulillah, adicara perpisahan kangge kelas 12 menika sampun kalempahan kanthi wilujeng nir ing sambekala. Inggih awit saking rahmating gusti Allah  ingkang maha kuwasa lan maha asih, saengga panjenengan para rawuh Bapak/Ibu guru, kanca-kanca, lan adik-adik saget makempal ing adicara perpisahan angkatan 2019/2020 kanthi diparingi karaharjan lan kasarasan.

Sapisan, kula badhe ngaturaken panuwun kang gedhe lan athi ingkang jembar uga tulus kangge bapak/ibu guru kang sampun berjuang tanpo rasa pamrih nalika mulang lan bimbing kula kaliyan kanca-kanca. Kula makili kanca-kanca sapisan malih badhe ngaturaken panuwun kang gedhe.

Ingkang kapindo, kula ngaturaken selamat lan pandonga mugi-mugi kanca-kanca ingkang ajeng lulus saking sekolah menika saged sukses. Aamiin. Kula uga badhe ngaturaken panuwun kangge kanca-kanca sampun ngisi dina-dina ing sekolah endah lan seneng.

Ing salejengipun, kangge adik-adik kang taksih sekolah, kula badhe ngaturi pesen yaiku tetep njogo jeneng seklah kanthi cara lan apik. Lan saged njunjung jeneng sekolah kanthi saged angsal jeneng ingkang sae.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula ngaturaken, kula nyuwun agunging pangapunten. Cekap semanten.

Wassalamualaikum wr.wb

Nah, diatas merupakan beberapa contoh pidato Bahasa Jawa tentang perpisahan. Semoga bisa bermanfaat dan membantu pelajar yang sedang mencari pidato Bahasa Jawa mengenai perpisahan. 

Dalam  menyampaikan pidato jangan lupa rasa, irama, dan peragaan. Hal tersebut penting digunakan untuk membacakan pidato apalagi saat membaca pidato bahasa jawa. 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *